Drama Bhs. Jawa Singkat

Kamis, 26 Februari 2015
Tema : Religi

Awan iku Pak Suryo lan Adi ana ing teras omah,
Adi                  : “ Pak kinging napa awak dewe kudu sholat ? “
Pak Surya        : “ Awak dewe kudu sholat amarga sholat iku hukume                                                                               wajib. Ora oleh di tinggalake. “
Adi                  : “ Yen, wonten sing ninggalake sholat berarti niku dosa nggih pak ? “
Pak Suryo        : “ Iya, bener. Awak dewe ora oleh ninggalake sholat, yen ana sing ninggalake sholat, pasti kena dosa. “
Adi                  : “ Apa bener pak yen ing akhirat sholat bakal ditakokake ? “
Pak Suryo        : “ Bener, ing akhirat sholat bakal ditakokake, sing pertama dewe. Yen kowe sregep sholat kowe bakal entuk pahala lan melbu suarga. Nanging yen kowe jarang sholat kowe bakal dosa lan melbu neraka. “
Adi                  : “  Kingingnapa sak derengnipun sholat kudu wudhu riyen ? “
Pak Suryo        : “ Wudhu iku gawe nyucikno awak dewe sing kena najis. Yen kate sholat iku kudu suci saka najis. Yen awak dewe kate sholat iseh najis, sholat’e awak dewe gak bakal ditrima kale Allah SWT, nanging yen awak dewe wis suci saka najis, sholate awak dewe bakal ditrima kale Allah SWT. “
Adi                  : ” Oh…, Ngoten nggih pak. Bener napa pak, yen sholat jama’ah pahalae luwih akeh tinimbang sholat munfarid  ? “
Pak Suryo        : “ Bener, Sholat jama’ah pahalae luwih akeh, sebab yen ana bacaan sholat sing salah isih ana sing benerake, nanging yen sholat munfarid yen ana bacaan sholat sing salah ora ana sing benerake. “
Adi                  : “ Yen ngono kuwi kula arep sholat jama’ah wae. “
Pak Suryo        : “ Yo wes, mumpung saiki adzan dhuhur ayo budhal ing langgar gawe sholat dhuhur jama’ah. “
Adi                  : “ Inggih pak. “       

0 komentar:

Posting Komentar